Langsung ke konten utama

monolog-dakwah



Bismillahirrahmannirrohim....
Assalamu’alaikum Wr.Wb
(muqodimmah)..
Dhumateng para pepundhen, pinisepuh, sesepuh, ajisepuh ingkang kebak ing kaweruh, ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman
Para alim, para ulama, bapak-bapak kyai, ibu-ibu nyai ingkang rinten dalu tansah sinandhing kitab suci wahyuning Ilahi Robbi, ingkang dados panutaning para santri ingkang pantes satuhu kinabekten.
Para pangembating praja, para satriyaning nagari minangka pandam-panduming para kawula dasih ingkang satuhu bagya mulya,
Para kadang sinoman lan kadang tumaruna, ingkang dados jejer kuncaraning bangsa kang ambeg budi darma.
Para tamu kakung sumawana putri ingkang bagya mulya.

Nun kepareng hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, bilih ing kalenggahan sonten punika kula ingkang parikedah hanjejeri minangka pamedar wacana. Nanging saderengipun jumangkah, nun sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken manungku puja miwah puji syukur kunjuk ing ngarsa Gusti Kang Murbeng Dumadi, awit saking lumunturing welas asih, tuwin barokah, hidayah, lan inayahiPun, kita taksih saget kempal manunggal ing sasana mriki tanpa rubeda setunggal punapa.
Selajengipun shalawat saha salam mugia tansah kunjuk kasarira dening junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ing penjenenganipun sampun “yahdinnasa minaddulummati illa nur” inggih punika mbekta umat saking jaman pepeteng utawi jaman jahilliyah tumuju jaman padhang jingglang utawi Islamiyyah ingkang pundi kita antu-antu syafaatipun mbenjing ing yaummul kiyamah. Amiin
Para tamu ingkang bagya mulya,
Ing kalenggahan sonten punika kula badhe medhar wacana ingkang irah-irahane kandele iman. Iman punika napa ta? Tembung iman (إيمان) dijikuk saka tembung kriya aamana (أمن) -- yukminu' (يؤمن) kang tegese percaya utawa benerake.
Iman kuwi teges hakikate percaya, diarani iman kuwi ora mung percaya, kejaba percaya kudu gelem ngucapake sarana lisan lan nindakake sarat lan rukune. Apa sing tegese ngucapake sarana lisan? Ya kudu gelem ngucapake kalimat syahadat loro cacahe, sahadat tauhid lan sahadat rosul. Ashaduanlailahaillallahu, waashaduanna muhammadarasulullahu. Ora kena dibatin, ya kudu gelem ra gelem ya ngucapake, nek wis gelem ngucapake kudu gelem nindakake sarat lan rukune. kayata kang wis diajarke lan dicontohke dening Rasulullah lan para sahabate prilaku Iman tanpa dibarengi karo amal perbuatan, iku diarani fasiq. Fasiq yaiku ngrusak agama. Yen amal perbuatan tanpa didasari iman yaiku munafiq. Munafiq iku ngene iki lo.. ayo kuwi mas, ditabuh gamelane (lagu main)
artine wong sing omongane ngapusi, sikap lan perilakune ora padha karo perbuatane, wong sing nduweni rai loro. Wong sing munafiq dicap minangka penghianat agama.
Lha.. lek ora gelem diarani fasiq lan munafiq, kudune yo gelem nindakake sarat-sarate, lan nindakake rukun-rukune. mangka rukun islam iku ana lima cacahe. Arkanu islam khomsatun. Lali apa wis urung eling? Apa jajale?
Kaping pisan kudu syahadat kaya kae mau. Kaping pindho kudu nglakoni sholat. Kaping telune zakat. Kaping papat weteng kudu betah luwe alias pasa. Sing terakhir munggah kaji kanggo sing mampu.
Aku duwe crita babagan kandele iman. Aku duwe kenalan neng adoh kono, dheweke kaya-kaya isa ngrungokake kelepak sayap jibril, lan iku pengen diwarisne neng putune. Deweke nganggep yen kabeh suara ing donya iki asale saka kelepak sayap Jibril, tapi yo ora kabeh isa kaya wong iku, ora kabeh isa ngrungokne kelepak sayap jibril. Babagan kaya mengkono, kalebu meruhi barang goib, barang sirillah , trawangan lan sapanunggale, mesti wis duweni  adhedhasar iman kang kuat.
Memperkuat iman iku carane macem-macem, salah sijine nglakoni sembahyang. Lak neng Islam sembahyange yo sholat iku. Sholat iku dadi pusate amal sing dilakoni sajroning urip ing donya, bakale ditimbang neng akherat. Lha amal-amal sing mbok lakoni kuwi akeh, nanging kowe ora salat, rak yo lucu? Tak umpamakne neng kono kae enek bocah, byuh guantheng nduk, gedi dhuwur, pinter voli , bal-balan, lek balapan yo banter, nanging ora onok ndase. Kowe gelem? Yo mesti emoh, makane urip tanpa solat iku kaya-kaya muspra utawa percumtakbergun jare ustadz Suryandoko. Lha rungokno..kaya lagu iki lo.. (musik masuk).
Iyo to.. arepo urip sewu taon lek ora sembahyang ora ana paedahe.
Ana maneh sing aneh-aneh, jare iki salah sawijine cara kanggo ngandelke iman.  Turu neng kuburan, padahal neng omah enek springbed, guling, bojo sing anget, lah kok iki malah milih turu neng panggonan sing ora jelas.. wong  iku biasane jaluk nomer utawa wangsit saka sing baureksa kuburan iku, ben sukses.. prilaku mangkono kalebu syirik, wonge musrik, ora oleh dilakoni. Dosa gedhe! Rakyo wis jelas, “inna sholati wa nuzukki wa maa yahya wa maa matti lillahirobbil ‘alamin..” satemene solatku, ibadahku, urip lan matiku,  amung kanggo Gusti Alloh Kang Hakaryo Jagad.
Astagfirulloh hal’adzim..
Sik tak takon.. solat iku wajib? menurutmu sholat iku sing mewajibkan sopo? Lek jawabane kaya mangkono, cara aku dadi guru, jawabane tak coret..srett.. NOL.. lha kok kleru? Saiki ayo dipikir, pancene neng ajaran Islam kuwi, sing gelem salat suk lek mati wis dicepaki panggon penak aran suwargo, sing ora salat dicepaki panggon angel lan disiksa ning neraka. >>
 sing gelem salat suk lek mati wis dicepaki panggon penak aran suwargo, brarti sing ngrasakne suwargo sing salat apa Gusti Alloh?sing salat, trus sing ora salat dicepaki neraka, brarti sing disiksa neng neraka sing ora salat apa Gusti Alloh? Sing ora salat. Nha brarti, Gusti Alloh iku disolati yo ora mlebu surga, ora disolati yo ora mlebu neraka. Rakyo ngono? Genahe lo? Sing ngrasakne surga neraka wonge po Gusti Alloh? Kamangaka, manungsa iku umume pengen penak pa ora? Penak, lha wis jelas, lek pengen penak yo solat. Berarti solat iku butuhe dewe po Gusti Alloh? Lha lek dewe nyaopo sampean sik ngenteni prentahe Gusti Alloh? Dadi, Gusti Alloh ki mbok solati yo panggah Maha Agung, ora mbok solati yo panggah Maha Kuwasa.
Mula saiki ayo podo donga bebarengan.. mugia piikantuk ngapura lan rohmat saking Gusti Alloh. (doa)
Wis samene anggonku medhar wacana, apuranen kabeh luputku, muga ana paedahe.
(sesanti-sallam) à musik main à aktor turun ke penonton dan salaman.


Komentar

Postingan populer dari blog ini

LUSANDRA Trenggalek

TEATER TRADISIONAL KABUPATEN TRENGGALEK “KESENIAN LUSANDRA” SEJARAH PERKEMBANGAN Trenggalek adalah kota yang terletak di bagian pesisir selatan dengan batas wilayah sebelah utara berbatasan dengan kabupaten Ponorogo, sebelah timur berbatasan dengan kabupaten Tulungagung, sebelah selatan berbatasan dengan pantai selatan, dan sebelah barat berbatasan dengan kabupaten Pacitan. Dengan kurang lebih 700.000 jiwa penduduknya, sebagian besar mata pencahariannya adalah sebaagai petani dan nelayan, maka tak dapat dipungkiri bahwa hal ini mempengaruhi banyaknya berbagai kesenian yang lahir bersumber dari kebutuhan spiritual hingga keperluan hiburan. Trenggalek memiliki kesenian yang cukup beragam, yaitu: ü   Bidang seni suara: o    Macapat (biasanya kegiatan ini dilakukan oleh para sesepuh pada malam hari saat kelahiran bayi sebagai penolak bala semalam suntuk secara bergantian oleh sesepuh satu ke sesepuh yang lain. Hal ini terus dilakukan hingga bayi menginjak usia 7 mala

Mencari Arya Penangsang bagian 3

Selamat dini hari, semoga tidak jenuh dengan postingan saya terkait babad Tanah Jawi khususnya tentang ketokohan Arya Penangsang. Saya tetap mengharapkan tanggapan anda dengan apa yang saya tulis.. entah koreksi maupun konfirmasi. Saya menghargai anda berapresiasi. Bismillah, saya mulai..... Latar belakang saya adalah seorang sarjana seni khususnya drama. Pada setiap pemeranan dalam sebuah lakon yang saya mainkan selalu detail mengamati tentang karakter. Ya termasuk psikologi, sosiologi dan sebagainya.. untuk itu tidak heran jika saya tidak menelan mentah2 karakter suatu tokoh tanpa mencari beberapa bukti dan sebab. Baik, langsung saja... kita akan membahas Bupati Jipang Panolan yang berwatak keras.. temperamental, penuh amarah dan pendendam.. okay.. berpuluh orang beranggapan ia adalah tokoh antagonis. Tidak jadi apa. Memang itulah yang sering kota baca dan kita lihat d kethoprak pada umumnya. Namun ketika saat ini saya menulis lakon Arya Penangsang Gugur, ada sebuah gelitikan yan

warta palastra

Kabeh ing donya iki digarisne karo Kang Kuwasa mesti gegandhengan, ora bisa pisah dadi ijen, dhewekan. ana ireng mesti ana putih ana apik ana ala susah - seneng lanang - wadon sugih - mlarat menang - kalah adoh - cedhak awan - wengi dawa - cendhek mulya - durja URIP - PATI وَلِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۚ وَإِلَى اللَّهِ  تُرْجَعُ الْأُمُ ورُ "lan kabeh kagungane Gusti Alloh, sing ana ing bantala  (bumi) lan ing angkasa, samubarang kabeh bakal balik ing  ngarsane Gusti Alloh." كُلُّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ الْمَوْتِ ۗ وَإِنَّمَا تُوَفَّوْنَ أُجُورَكُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۖ فَمَنْ زُحْزِحَ عَنِ النَّارِ وَأُدْخِلَ الْجَنَّةَ فَقَدْ فَازَ ۗ وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا مَتَاعُ الْغُرُورِ   " kabeh kang duweni sukma (nyawa) bakal  ngrasaake pati. Lan sejatine amung ing dina  kiyamat disampurnaake pahalamu. Lan sapa  wae sing diadohake klawan neraka lan den  lebokne ing swarga, mangka untu