Langsung ke konten utama

Postingan

monolog-dakwah

Bismillahirrahmannirrohim.... Assalamu’alaikum Wr.Wb (muqodimmah).. Dhumateng para pepundhen, pinisepuh, sesepuh, ajisepuh ingkang kebak ing kaweruh, ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman Para alim, para ulama, bapak-bapak kyai, ibu-ibu nyai ingkang rinten dalu tansah sinandhing kitab suci wahyuning Ilahi Robbi, ingkang dados panutaning para santri ingkang pantes satuhu kinabekten. Para pangembating praja, para satriyaning nagari minangka pandam-panduming para kawula dasih ingkang satuhu bagya mulya, Para kadang sinoman lan kadang tumaruna, ingkang dados jejer kuncaraning bangsa kang ambeg budi darma. Para tamu kakung sumawana putri ingkang bagya mulya. Nun kepareng hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, bilih ing kalenggahan sonten punika kula ingkang parikedah hanjejeri minangka pamedar wacana . Nanging saderengipun jumangkah, nun sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken manungku puja miwah puji syukur kunjuk ing ngarsa G...